Lirik Syiir guyub bebrayan

Selamat sore  saudara/i pecinta sholawat, pada kesempatan kali ini saya seperti biasanya akan berbagi lirik sholawat. Lirik Sholawat pada kali ini adalah berjudul  "Syiir guyub bebrayan". saya berbagi lirik ini semoga bisa memudahkan buat anda sekalian yang belum hafal liriknya langsung saja simak berikut ini




اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّد
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

Yo sedulur pada guyub anggone bebrayan
Lan gotong royong, lan gotong royong kabeh gawean
Aja da ureg,aja da ureg padu sulayan
Banget sarune,banget sarune yen miring liyan

Werna lima,wong kang rugi nang alam ndunya
Kanjeng Nabi sampun dawuh marang kita
Kang sepisan wong kang ngremehke ulama
Bakal rugi ora ngerti ilmu agama

Kapindone wong kang ngremehke umaro’
Bakale rugi uripe kepenthok penthok
Kaping telu wong kang ngremehke tonggone
Bakale rugi ora oleh pitulungane

Kaping papat wong kang ngremehke kluwargane
Bakale rugi ora oleh welasasihe
Kaping lima wong kang ngremehke bojone
Uripe sumpek ati bunek peteng ndedet

Luwih becik,luwih becik da tepaselira
Ingkang sepuh pangestune sugih ngapura
Ingkang pernah enem tindak tanduk dugakira
Siji-sijine,siji sijine ja gawe lara

Eling eling,eling eling pada elinga
Dulur kula jaler estri enom lan tuwa
Mumpung urip ,mumpung urip nang alam ndunya
Pada sing rukun ,pada sing rukun dulur lan tangga

Beja-bejane,beja bejane sing pada eling
Sing ra beja,sing ra beja sing pada mbeling
Dzat Kang gawe,Dzat Kang gawe langit lan bumi
Iku bakale,iku bakale ingkang ngukumi

Mugi Allah,mugi Allah paring gampang
Dalan neraka,dalan neraka anggone nyimpang
Lan nggampangake,lan nggampangake anggone ngambah
Dalan suwarga,dalan suwarga ra duwe wegah

0 Response to "Lirik Syiir guyub bebrayan"

Post a Comment