Selamat pagi saudara/i pecinta sholawat, pada kesempatan kali ini saya seperti
biasanya akan berbagi lirik sholawat. Lirik Sholawat pada kali ini
adalah berjudul "Syiir Wulan Rajab". saya berbagi lirik ini
semoga bisa memudahkan buat anda sekalian yang belum hafal liriknya
langsung saja simak berikut ini
Poro Bapak Ibu Hadirin Sedoyo
Ingkang Sampun Dumugi Keroyo-Royo
Sami Serempak Kanthi Saget Ngupoyo
Meringati Wulan Rojab Ingkang Mulyo
Wulan Isro’ Mi’rojipun Kanjeng Nabi
Ingkang Ditindakne Wonten Wekdal Bengi
Atas Kersane Allah Kang Moho Suci
Allah Ngutus Jibril Supoyo Mbarengi
Isro’ Iku Kanjeng Nabi Ditindakne
Ko Masjidil Harom Awit Berangkate
Dumugi Masjidil Aqsho Pungkasane
Gusti Allah Nuduhne Kekuasaane
Sak Terusane Kanjeng Nabi Di Mi’rojne
Ko Masjidil Aqso Papan Panggonane
Munggah Menyang Langit Sap Pitu Tekane
Sidrotil Muntaha Papan Pungkasane
Kanjeng Nabi Ono Ing Perjalanane
Diweruhi Pirang-Pirang Perlambange
Pirang-Pirang Perkoro Kang Nggumunake
Kang Bakal Dilakoni Poro Umate
Peristiwa Isro’ Mi’roj Sampun Nyoto
Tumrap Kito Sedoyo Kudu Percoyo
Sebabe Ngakal Kito Ora Tumeko
Lamun Mikir Lan Mbayangne Koyok Opo
Hayawan Buroq Yo Iku Tumpakane
Kang Koyo Cumlerete Kilat Lakune
Nabi Nerimo Dawuh Songko Pengerane
Sholat Limang Wektu Wajib Ditindakne
Mulo Monggo Bapak Lan Ibu Muslimat
Poro Sedulur Islam Ansor Fatayat
Sami Berjama’ah Ngelampahi Sholat
Mergi Ganjarane Pitu Likur Derajat
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

0 Response to "Syiir Wulan Rajab"
Post a Comment