Waspada Kopi Luwak Palsu

Assalamu'alaikum wr.wb
hai saudara/i semua, bagi anda yang suka humor, ini saya akan berikan humor/lelucon. kali ini berjudul "Waspada Kopi Luwak Palsu". sebelumnya saya ingatkan kembali ini adalah lelucon silakan dibaca. semoga bermanfaat dan bisa membuat anda tertawa
langsung saja simak dibawah ini>

Nang salah suwijine desa ana cah 2 sek kekancan akrap, saking akrab e pada saling percaya. Saat iku
Udin mertamu nang omahe Bambang disuguhi kopi. Jarene Bambang kopine uenak tenan... 
Udin akhir re ra sabar nyruput kopi..soale penasaran rasane...
Udin : "Iki kopi opo tho yo.. kok rasane rodho kecut..?"
Bambang : "Iku kopi istimewa, meh podo ambek kopi luwak sing larang regane iku loo."
Udin : "Oooh..ngono tho,. kopi opo jenenge..mbang.?"
Bambang : "Kopi Kucing,. aku gae dewe..kok.."
Udin : "Opo iyoo, kok jenenge Kopi Kucing.?"
Bambang : "Soale diolah lewat kucing,.. Kopi luwak kopine dipangan luwak dhisik sak durunge diolah. Kopi kucing iki yo..dipangan kucing dhisik sak durunge diolah dadi kopi bubuk. Aku terinspirasi karo kopi luwak iku loo,. tapi ben gampang aku gae kucing ae.."
Udin : "Kucing gelem thaa.. mangan kopi..mbang.?"
Bambang : "Sakjane yo ora,. Kopine tak gerus kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing." (Udin wes kroso wetenge mulai rodho mules..)
Udin takon : "Terus, piye proses se..mbang...?"
Bambang : "Kopine kan metu bareng telek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah, terus dipepe sampek gariiiiing, terus digiling maneh sampek aluuss.. Lha iki kepeneran awakmu sing pertama nyoba..Kopi Kucing, Wong2.. yo durung onok sing tak suguhi Kopi Kucing iki. Aku dewe arep nyobak, kok yoo.. gak kolu...Piye rasane Kang Udin,..?"
Udin : ". Kampreeeettttt ..Tenaann..mbang....Asemmm..kowee...!!!. Iki dudu Kopi Kucing, mbang....
Tapi TELEK kucing...

Hahaha Semoga anda semua bisa tertawa :D

0 Response to "Waspada Kopi Luwak Palsu"

Post a Comment